Menyang kontèn

Mein Kampf

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mein Kampf
Samak Mein Kampf - Jilid 1 (Édisi kapisan)
PanganggitAdolf Hitler
NagaraJerman
BasaJerman
GènreOtobiografi, Pulitik
PangecapanSecker & Warburg
Kala babar
18 Juli 1925
Jinis saranaCithak (jilidan lan paperback)
Kaca720 kaca

Mein Kampf iku buku kang ditulis déning Adolf Hitler lan kancané Rudolf Hess. Sanadyan Rudolf Hess ngréwangi Hitler nulis buku iki, nanging dhèwèké ora ingaran minangka juru nulis. Buku iki kasusun saka rong pérangan. Bagiyan kapisan ditulis déning Hitler nalika dikunjara ing Landsberg am Lech sawisé Bierkeller Putsch utawa kudétané kang gagal, ing taun 1926. Bagiyan kapindho ditulis sawisé dhèwèké metu saka kunjara. Saka taun 1926 nganti 1930, jilid loro iki didol pisah, mawa rega Reichsmark 12,- siji. Ing taun 1930 loro-loro dibundhel dadi sajilid waé.

Sajeroning buku iki, Hitler nulis gagasané bab nagara Jerman Raya. Dhèwèké uga nulis rencana-rencana mangsa ngarep bab wong Yahudi. Nalika Hitler munggah singgasana ing taun 1933, sawatara rencana mau langsung diwujudaké. Kasilé antarané ya iku Holocaust.

Wusanané antara taun 1925 lan 1934 bisa payu 240.000 èksemplar. Bubar Perang Donya II, ana 10 yuta èksemplar kang wis didol lan didum (mantèn anyar lan prajurit olèh gratis).

Sawisé Perang Donya II, buku iki ora kena dicithak ulang lan didol manèh ing Jerman lan Ostenrik. Sanadyan mangkono, yèn ndarbèni buku iki ora dianggep ilegal. Tuku buku iki utawa ngedol ing pasar loak uga ora ilegal. Ing Indonésia buku iki ya diterbitaké mawi pertalan ing basa Indonésia.

Ringkesan

[besut | besut sumber]
Barkas:Mein Kampf Indonésia.jpg
Mein Kampf ing sawijining toko buku ing Indonésia
  • Rencana pasekuton Jerman lan Ostenrik dadi nagara siji.
  • Anti-sémitisme diwedhar déning Hitler.
  • Marxisme ditulis ala banget amarga jaréné dicipta déning wong Yahudi.
  • Paham nasional-sosialisme diwedhar.
  • Sawijining perang iku kudu dhedhasar "Ras" lan dudu golongan sosial.
  • Uni Sovyèt kudu dibubaraké lan sabagiyan tanahé diwènèhaké marang wong Jerman kanggo urip (Lebensraum)
  • Perang ing front loro iku ora apik kanggo bangsa Jerman, mula Jerman kudu pasekuton karo Karajan Manunggal lan nyerang Uni Sovyèt.
  • Dhémokrasi lan parlemèn iku ala kanggo nagara.